Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kitab Serat Chentini - Ciri dan Watak Manusia

Kitab Serat Chentini - Ciri dan Watak Manusia
credit:instagram@warungsejarahri

Kitab Centhini oleh kebanyakan orang disebut sebagai ensiklopedi kebudayaan Jawa, karena di dalam kitab Centhini yang terdiri dari 12 jilid. Kitab Chentini memuat bermacam-macam pengetahuan yang antara lain adalah “wirasating watake manungsa”. 

Maksudnya adalah tanda atau ciri-ciri watak manusia berdasarkan “weton” atau hari dan pasaran kelahiran. Bab tersebut dapat dibaca pada kitab Centhini jilid 3 Pupuh 246, seperti ditullis dibawah ini:

Kinanthi

5. Manungsa wirasatipun

metu saking wetonneki

yen Jumngah Pon wetonira

tan sabar kaku kang budi

sru wani maring wong tuwa

lan nora sinungan sugih

(ciri dan watak manusia yang lahir pada hari Jumat dan pasaran Pon, tidak sabar, keras kepala, berani kepada orang tua dan tidak dapat kaya)

6. Jumngah Wage wetonnipun

yen becik luwih utami

yen ala ngluwihi ala

granyah nging micareng ngelmi

adhemen panggawe ngiwa

tan ajeg pikirireki

(Jumat Wage kalau baik terlalu baik tetapi kalau jelek kelewat jelek, ramah pandai bicara, senang menjalankan hal yang tidak baik dan tidak konsisten)

7. Yen maksih anyar anggunggung

yen wus lawas denalani

Jumngah Wage pan terkadhang

sandhunganne larang siwi

nanging sok sinungan donya

jinurung rijeki eblis

8. Jumungah Kliwon puniku

pantes yen kinarya rabi

pepikiran rada lumrah

mring wong tuwa asring bekti

nging rada wani wong lanang

jinurung sugih rijeki

(Jumat Kliwon pantas dijadikan pilihan, pada umumnya baik, berbakti kepada orang tua, tetapi sering berani kepada lelaki, dan banyak rejeki)

9. Teka pati marang kakung

amituhu pituturing

maratuwa kang prayoga

lawan betah asesirih

sandhunganne wong punika

padonne ambuntut-arit

10. Jumngah Legi wetonnipun

kang pasti laki ping kalih

pipikiran tan antepan

kenceng ngarep kendho mburi

lan takdirira Hyang Sukma

kudu laki kaping kalih

(Jumat Legi, wataknya menikah dua kali, pikiran kurang setia, di depan kenceng dibelakang kendor, artinya tidak jujur.)

11. Kang tan kapanggih ing laku

pangiwane sok andadi

anging karsaning Hyang Suksma

lan lakine pegat mati

yen ala ngluwihi ala

yen becik luwih utami

12. Jumngah Paing wetonnipun

imul watake ngaruwit

saenan nora prasaja

kelire akarya becik

ing lair temah isinan

dadya imul tan katawis

(Jumat Paing, tidak jujur, kelihatan pemalu tetapi sesungguhnya tidak punya malu)

13. Arang kang mlempeng puniku

kang wus kalebu ing tulis

iku padha apilena

nging kanthi kalawan takdir

yen wus pinasthi jodhonya

cumadhong karsa Hyang Widdhi

14. Yen Sabtu Pon Wetonnipun

wateke anyudagari

sabarang kang dipun rembag

etunge kudu ntuk bathi

antuk sih kalawan priya

padune jantra lumaris

(Sabtu Pon watak bakul, tujuannya mendapat untung, mendapat kasih sayang dari lelaki)

15. Lumuhan ing lairipun

kabrabeyan jroning ati

mamah marang bapa-biyung

mring kakung tan nganggo wedi

dhat nyeng yen karo wong lanang

wani lan wedi keh wani

16. Weton Saptu Wage iku

wateke sok lepas budi

tur rada jrih sihing priya

sumingkir karya kang juti

sandhungane sok asusah

lan kerep petengan ati

17. Saptu Kaliwon puniku

lumuhan sabarang kardi

lan tampan nora prasaja

mring lakine datan wedi

Setu Kliwon watekira

rada jail ambesiwit

18. Saptu Legi wetonnipun

kakonaten sarta bengis

mamah maring bapa biyung

nanging rijekine mintir

lan sinung awig wong ika

sandhungane larang siwi

19. Sabtu Paing wetonnipun

yen becik luwih utami

karem marang ing ngelmu kak

ananging sapuluh siji

ingkang pasthi watakira

ingkang weton Sabtu Paing

20. Lumuhan nging dhemen padu

nora sabar nanging bengis

lawan anyudakken drajat

adat mring kaki sru wani

tan trima kaki sapisan

pasthi kudu kaping kalih

21. Terkadang laki pin telu

yen tan mangkono kang pasthi

kang lulus krama sapisan

rada karem marang ngelmi

nging takdirira Hyang Suksma

22. Wus ganep wirasat Sabtu

gantya malih kang winarni

kaki padha angestokna

kang wus kalebu ing tulis

kang weton Akat punika

ingkang dhihin Akat Paing

23. Kakonaten watekipun

padune ambuntut arit

jalukan nora weweyan

nanging sanget angikipi

dhemen nglong lumuh kelangan

ber bujakrama ing lair

24. Nanging karsane Hyang Agung

rijekine sinung mintir

amung nora duwe basa

dilalah drajade inggil

krana Akat Paing ika

nahase Hyang Odipati

25. Duk asalira kasiku

dennira Hyang Maha Tinggi

ing dina Akat Paingnya

yen nora ibu ya rami

weton Akat Pon punika

bengis lawan kakuati

26. Bekti lan watekipun

sabarang watak satiti

lan bisa momong sudara

Akat Pon wateke becik

adate teka mlaratan

rada begjane sathithik

27. Weton Akat Wage iku

resikan sabarang kardi

sumingkir karya kang ala

kalawan bekti ing laki

yen dedana nora prenah

rada begjane sethithik

28. Weton Akat Kliwon iku

lumuhan sabarang kardi

drengki imul tanpa prenah

satemah kaku ing budi

dhemen panggawe mangiwa

adoh begjane sathithik

29. Weton Akat Legi iku

wateke sok lepas budi

lawan mantep nging lumuhan

candrane rabiya malih

gedhe begjane wong ika

ngunggahken drajating laki

30. Akat wirasate sampun

pilihen salah sawiji

lamun ana ingkang nimpang

saka ing wirasat iki

iku ganjaraning Suksma

wijile sapuluh siji

Jika dirunut dari teks sebelumnya bahwa teks tersebut merupakan penjelasan atas pertanyaan seorang pemuda yang bernama Nurwiti kepada Ki Wanakarta. 

Dengan senang hati Ki Wanakarta menjelaskan secara detail pertanyaan Nurwitri, dengan tujuan agar kelak ketika akan berumah tangga Nurwitri tidak salah memilih wanita. Oleh karenanya yang dijelaskan Ki Wanakarta mengenai ciri dan watak dari seorang wanita.

Walaupun pun zaman sekarang bukan lagi jamannya serat Centhini yang di tulis pada tahun 1814, pengetahuan mengenai ciri dan watak wanita berdasarkan hari serta pasaran kelahiran tersebut dapat dibagikan kepada generasi muda yang masih lajang, siapa tahu bahwa ilmu tersebut dapat membantu dalam memilih wanita yang cocok dan sesuai dengan pilihannya.

Posting Komentar untuk "Kitab Serat Chentini - Ciri dan Watak Manusia"